lelewaning basa (gaya bahasa dalam bahasa jawa)
LELEWANING BASA (GAYA BAHASA DALAM BAHASA JAWA) Gaya bahasa (lelewaning basa) ateges cara-carane manungsa minggunakake basa, amrih gampang ditampa lan kepenak dirungu. Ingkang kalebu gaya bahasa inggih punika: 1. Sinonim Sinonim inggih punika tembung ingkang sami tegesipun dene paedahipun supados boten mungsal mangsuli tembung ingkang sami (tidak berulang-ulang menggunakan bahasa yang sama) ingkang murukaken bosen ingkang sami maos malih saged kangge pepasren ukara dados endah, umpaminipun: a. Sesawangan ing peninging gunung katon endah, edi-peni, purwakanthi sastra. b. Dasamuka rau Alengka iku ora pantes badi tepa-palupi (purwakanthi sastra). Tuladha tembung sinonim: mitra = kanca gagah = prakasa becik = apik cuwa = gela keduwung = getun dongeng = crita juru = tukang luwe = ngeleh macak = dandan mempeng = sengkut 2. Asimilasi Asimilasi inggih punika luluhing swara utawi gorba, umpaminipun jayeng (jaya + ...