Posts

Showing posts from 2018

MACAM-MACAM LELEWANING BASA

Lelewaning basa Leléwaning basa  ya iku cara ngandharaké penggalih lumantaring basa kanthi cara mligi, sing nuduhaké jiwa lan kapribadèn panganggit utawa panyerat. Leléwaning basa sing apik iku kudu ngandhut telung  unsur  ya iku kajujuran, andhap asor, lan nengsemaké. Ana ing leléwaning basa nggunakaké basa  kias  utawa basa sing éndah. Basa  kias   figure of speech  ya iku sawijining panyimpangan basa kanthi cara  evaluative  utawa kanthi cara  emotif  saka basa baku ing sajeroning éjaané, wujud tembungé,  konstruksi  (ukara,  klausa, frasa ), lan  aplikas i sawijining  istilah . Leléwaning basa dibédakaké dadi patang golongan, ya iku: 1.      Leléwaning basa  perbandingan 2.      Leléwaning basa  pertentangan 3.      Leléwaning basa  pertautan 4.      Leléwaning basa  perulangan...

lelewaning basa (gaya bahasa dalam bahasa jawa)

LELEWANING BASA (GAYA BAHASA  DALAM BAHASA JAWA)         Gaya bahasa (lelewaning basa) ateges cara-carane manungsa minggunakake basa, amrih gampang ditampa lan kepenak dirungu. Ingkang kalebu gaya bahasa inggih punika: 1. Sinonim Sinonim inggih punika tembung ingkang sami tegesipun dene paedahipun supados boten mungsal mangsuli tembung ingkang sami (tidak berulang-ulang menggunakan bahasa yang sama) ingkang murukaken bosen ingkang sami maos malih saged kangge pepasren ukara dados endah, umpaminipun: a. Sesawangan ing peninging gunung katon endah, edi-peni, purwakanthi sastra. b. Dasamuka rau Alengka iku ora pantes badi tepa-palupi (purwakanthi sastra). Tuladha tembung sinonim: mitra = kanca gagah = prakasa becik = apik cuwa = gela keduwung = getun dongeng = crita juru = tukang luwe = ngeleh macak = dandan mempeng = sengkut 2. Asimilasi Asimilasi inggih punika luluhing swara utawi gorba, umpaminipun jayeng (jaya + ...