MACAM-MACAM LELEWANING BASA
Lelewaning basa
Leléwaning basa ya iku cara
ngandharaké penggalih lumantaring basa kanthi cara mligi, sing nuduhaké jiwa
lan kapribadèn panganggit utawa panyerat. Leléwaning basa sing apik iku kudu
ngandhut telung unsur ya iku kajujuran, andhap asor, lan
nengsemaké.
Ana ing leléwaning basa
nggunakaké basa kias utawa basa sing éndah. Basa kias figure of speech ya
iku sawijining panyimpangan basa kanthi cara evaluative utawa kanthi cara emotif saka basa baku ing sajeroning
éjaané, wujud tembungé, konstruksi (ukara, klausa, frasa), lan aplikasi sawijining istilah.
Leléwaning basa
dibédakaké dadi patang golongan, ya iku:
1. Leléwaning basa perbandingan
2. Leléwaning basa pertentangan
3. Leléwaning basa pertautan
4. Leléwaning basa perulangan
Leléwaning basa perbandingan
Leléwaning basa
perbandingan ya iku leléwaning basa sing bandingaké karo babagan singhakikaté
béda nanging dianggep padha. Antarane:
·
Simile/parumpamaan
ya iku leléwaning basa sing bandingaké karo babagan sing hakikaté ana gayutané
lan sengaja dianggep padha.
·
Metafora ya iku leléwaning basa sing
bandingaké babagan sing implisit dadi ora gunakaké tembung
(lir lan kaya) antarané babagan sing béda.
·
Personifikasi ya iku leléwaning basa
sing nggunakaké sipat insani tumuju ing barang mati lan
pamanggih sing abstrak.
·
Alegori ya iku carita sing dijabarké
ing sajeroning lambang-lambang.
·
Pleonasme ya iku leléwaning basa sing
nggunakaké tembung sing keluwihen utawa mubadzir, sing sabeneré ora
kanggo.
·
Antitesis ya iku leléwaning basa sing
nganakaké pambandingan utawa komponèn antarané loro antonim
·
Depersonifikasi ya
iku leléwaning basa sing nggunakaké sipat piranti tumuju ing manungsa.
·
Perifrasis ya iku leléwaning basa
sing nggunakaké tembung sing luwih akèh katimbang sing dibutuhké.
·
Prolepsis ya iku leléwaning basa sing
awujud nggunakaké sawijining tembung utawa akèh dhisik sadurunge gagasan utawa
kedadèan sing sajati.
·
Eparnortesis ya iku leléwaning basa
sing awujud wiwitane arep mretelake sawijining, nanging ndeloki sing salah kaya
piyé.
Leléwaning basa pertentangan
Lelewaning basa
pertentangan ya iku tembung kias kang ngandharaké tentangan kanthi apa baé sing
dimaksudake. Antarané:
·
Hiperbolaya iku lelewaning basa sing
ngandharaké kanthi cara luwih.[2].
·
Litotesya iku lelewaning basa kang
wujud pernyataan kanthi cara nyangkal utawa mblenjanin sawalikipun.
·
Ironi ya iku
lelewaning basa kang ngandharaké teges kang lawanan kanthi maksud ngèlèk-èlèk
utawa ngawonaké.
·
Oksimoron ya iku lelewaning basa kang
ngandhut tentangan kanthi gunakaké tembung-tembung kang lawan ing frase sing
pada.
·
Paradoks ya iku lelewaning basa kang
ngandhut tentangan sing nyata kanthi fakta sing ana.
·
Klimaks ya iku lelewaning basa kang
awujud reng-rengan andharan sing sansaya suwé sansaya ngandhut penekanan.
·
Anti klimaks ya iku lelewaning basa
kang dadi acuan sing isiné pamanggih kang diurutaké saka
paling wigati nganti sing ora wigati.
·
Paronomasia ya iku lelewaning basa
kang isiné panjajaran tembung kang swarané padha nanging tegesé béda.
Leléwaning basa pertautan
Leléwaning basa perulangan
Perulangan utawi repetisi inggih punika lelewaning basa ingkang ngandhut
pangambalan ungeling basa, wanda, tembung, utawi frasa menapa dene peranganing
ukara ingkang wigati kangge paring tekanan selebeting konteks ingkang jumbuh.
Comments
Post a Comment